Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/184

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    dupyenget wruh lamun jero,
    pangunandikeng nala
    saiki ingsun sida,
    mati aneng jeron sumur,
    marga nora bisa mentas.

  1. Nulya klintar klinter mlipir,
    jinjit-jinjit andengangak,
    tumenga tumungkul bae,
    ngira jerone guskara
    apa dene ambanya,
    maksih amicoreng kalbu,
    yen tan antuk gai'bing Hyang.

  2. Nora wurung tekeng pati,
    wus ana tandha sat mata,
    sumur samene jerone,
    sanadyan anaa andha,
    sun iki sikil papat,
    kaya paran pamancatku,
    ewa samono manawa.

  3. Ana pitulunging Widi,
    atas kauripaningwang,
    malaekat nyanggi gedheg,
    sinendhekken kene nulya,
    pasthi sun bisa mentas,
    ananging sun durung weruh,
    malaekat nggawa empyak.

  4. Kancil nuli meres budi,
    memuja ing suksmantaya,
    ngeningken kalbu sedyane,
    anjerit kanang swara,
    sadad klimah tayibah
    telu kang pinudyeng tembung,
    sinahit mutawasitah.

  5. Muta akirah pri tuwin,
    muta awilah katrinya
    galik-galik suwarane,

188