Dupi samantara lami,
leledhang malih palguna,
awit saking gambirane,
mring nggon kang durung winruhan,
ngiras pantes ngupaya,
pangan ing saolehipun,
samana kacaryan ing tyas.Ana papan kang prayogi,
nguni tilas pakarangan,
manuswa ingkang dhedhepok,
nyambi among tani gaga,
dene papaning wisma,
harja sawataranipun,
ananging tan kongsi lama.Tinilar kewala nuli,
ana sebab kurang terang
maksih katara tapake,
batur wisma pawon kandhang,
wus kathukulan glagah,
alang-alang kandri sembung
kemadhuh uyah-uyahan.Pernah lor wetan tan tebih,
ana tilasing guskara,
tampinge mubeng wus longsor,
awit wedhi lemahira,
maksih jero wus asat,
kurugan rombot-rombot wuh,
lamun udan kisen toya.Dene ambaning parigi,
ana tri meter Nederlan,
sapuluh meter jerone,
Kancil sonya pasang cipta,
nir prayitmaning nala,
nusup-nusup kajalungkup
temah kacemplung guskara.Kagyating tyas sira kancil,
kumentar kokonang buyar
187