Kaca iki wis divalidasi
23. ASMARADANA
Srenggala kasmaran arsi,
miruda reh yun pinatyan,
marang bapakne si Gedel,
sigra-sigra dennya lunga,
sedya neges ing suksma,
pelenging tyas maring gunung,
malbeng guwa Suracala.Palguna ucapen malih,
mulih prapteng Ngampeldenta,
nora esah pangungune
lakuning tumitah gesang,
terang ngraket sangsara,
wus akeh lupiyanipun,
ingkang durga kang susila,Bab wus nglaya njajah bumi,
nyerang westhi pancabaya,
Kancil saya memet tyase,
niniteni lelampahan,
kewan sato wanarga,
dahat undhagi ing kewuh,
saking kathahing lepiya.Kang ganal tuwin kang ga'ib,
tingkah polahing sasama,
pinulung manuksmeng batos,
marma ken maenda bungah,
punapa dene mesa,
dahat ascaryaning kalbu,
wit momongane caksana.
186