Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/181

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Sarwi muwus dene ta saya kepahung,
    denira caluthak,
    nora pisan amareni,
    dingu kirik kongsi sona tanpa tata.

  2. Nora patut wawalese wong diingu,
    nyekel maneh yaha,
    mandhak nyekek marang kancil,
    heh ta thole nuli titiken tilasnya,

  3. Apa ucul apa binadhog ing asu
    karuwane mangkya,
    gampang enggone mateni,
    kudu terang ywa kongsi gawe duraka.

  4. Pinriksa wus kayaktene kancil usul
    lamun pinangana,
    ing suna ana kang getih,
    nadyan ucul uga panggawening suna.

185