anggagas kawiryan adi,
ngajab-ajab enggala tumekeng rina.
Kabagyengsun sesuk-esuk tanpa petung,
ijab nuli panggya,
lungguh jajar lan bok rabi,
sun neng tengen niken Kentruk lunggyeng kiwa.Tan cinatur pangrembug mulyaning asu,
wus trontonging surya,
bang-bang wetan wus meh enjing,
jam satengah lima tambure yun munyao
190 Nguwuh-uwuh ki Sutatruna mring sunu,
heh thole tangiya,
pragaten iki si kancil,
Mumpung bang-bang esuk keh gajihe nglenga.Kiranipun Kedel yen kancile ucul,
rinogoh yen ana
nabda e, e sukur isih,
sru gambira senik binukak sakala.Sikil catur kacandhak tinekem gupuh,
glis ginawa mahya,
kala neng pawon tan keksi,
sebab maksih peteng tanpati nglegewaWusnya metu neng nglatar terang yen asu,
binanting saksana,
kantep tibane tan mosik,
pet semaput suna dahat kapidhara.Dyan pinenthung klengkengan tansah pinupuh,
Kedel sarwi nabda
adhuh katiwasan kyahi,
Kancilipun bianadhog dening srenggala.Gupuh metu sabrayate estri jalu,
Kyahi Sutatruna,
dupi myarsa swareng siwi,
nyandhak plumbat melu mala marang sona.
184