tembung Jawa Arab Buda
kangkalaku kulina prapteng mangkin
warta saben nagara.
Ywa pepeka ing wahyaning kawin
titenana wanda lingga basa
ki Pujangga panganggite
jejer anyilih catur
wawangsalan nyilih kang nulls
surasa lawan rasa
pangundhuhing tutur
iki jumeneng uwit pang
godhong kembang pentil tuwa den undhuhi
manjing sajroning nala.Nora kena lali salah siji
siswa manggita tembunging sastra
pamrih dhamang pamaose
krungu bangkit lumebu
sraseng tembung midraweng budi
budaya di buka karna
panetahing kawruh
annimbahi pancadriya
driya wenang wening swara kang dumeling
gancaring nuksmeng jiwa.lng Ngayogja tetesireng mangsi
Rahaden Panji Sasrawijaya
Mangun warsita tumrahe
sastra ukara kaglung
ater-ater basaning kawin
kawi jarwa myang wantah
kehing catur kudu
tumibaning tembung Jawa
kapatrapan ater-ater kewes apik
alus rurus jlagedhag.Wus kagedhug Jawa kang manguning
bausastra myang paramasastra
ywa karana pathokane
22