Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/179

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. lngsun emut darma wasita sung tutur
    ywa nampik sabarang,
    lamun durung oleh tandhing,
    kang sinedya yen durung katekem ngasta.

  2. Mangka durung kacekel kang ingsun luru,
    marmenggal metuwa,
    sun jabel kewala mangkin ,
    ingsun arsa bali marang senik sona.

  3. Owel getun sira tampani begjaku,
    amung srana trima,
    panga1embana ing lathi,
    sona matur nor raga amelas arsa.

  4. Sewu nuwun manawi paduka pundhut,
    bok inggih bendara,
    sampun kagungan panggalih,
    amangsuli dhawuh ingkang wus kawahnya.

  5. Datan baut matur tembe walesingsun ,
    tan langkung mung pasrah,
    mring Hyang kang samingun basir,
    ingkang wikan awon saening kawula.

  6. Nambung wuwus kancil sru gumuyu ngguguk,
    yen mangkono sira,
    dahat wus marem nampani,
    sewu suka sukur mantep mengku garwa.

  7. Sun jumurung rahayu bagya sempulur
    muga tumeraha
    nanging ing tern be jwa lali,
    wis ta sona keriya slamet sun lunga.

  8. Nulya mlayu sukeng tyas marwata sunu,
    bagya tanpa kira,
    sasat mati urip malih,
    wus adate duka ciptantuk kamulyan.

  9. Nahen kang wus ucul kacarita werku ,
    kang neng senik tansah,

183