Kaca iki wis divalidasi
Sesuk esuk ijabipun,
sore rep panganten panggih,
adate balangan buntal,
ingayap kang para ali,
panggya neng madyaning lawang,
sikilira den wisuhi.Dene bojomu Dyah Kentruk,
nuli kanthen canthel jenthik,
lunggyeng mari seta jajar,
samantara angabekti,
mring para wreda samoa,
sigra sega iwak mijil.Kadawan lamun sun tutur,
enggaling crita sira glis
manjing sajroning toreyan,
sakarsa karsamu dadi,
mahyakken asmara tantra,
manuara rasaning sih.Srenggara nambungi wuwus,
kaya paran ingsun manjing,
ing senik reh dhuwur ana,
watu cantheng mangka tindhih,
apa sun ungkil kewala,
mengko watune nibani.Palguna sumambung wuwus,
e bodho temen sireki,
mangkono bae tetanya,
klimput nalarmu nyang endi,
lah jungkengen iku sela,
supaya tiba ing siti.
181