Ingkang ingsun puseng amung,
wanudya atmeng priyayi,
putus sila krameng priya,
sutaning panewu mantri,
bokmanawa kabeneran
bapa seda mlebu waris.Sukur sewu lamun antuk,
ndhuwure panewu mantri,
sangkep ing warna utama,
ulat tangguhe respati,
nugraha gumantyeng jagad,
dadi abdining narpati,Biru seret payungipun,
den iring panurung lampit,
yen gaweku becik munggah,
dadi kaliwon bupati,
kongsi tumrah putra wayah,
iku adating priyayi.Mangkono asu ciptengsun,
marma pinet mantu sudhing,
reh wong desa luwih papa,
tanpa tata yuda nagri,
yeku kyahi Sutatruna,
wong dhukuh tur tani bentil.Reh sun banget we las dulu
marang ing sira samangkin,
urip sapisan neng dunya,
rina wengi lara ati,
yen darbe bojo manuswa,
dhasar bendara pribadi.lba nikmatira besuk
marma karsaningsun nuli,
manjinga senik den enggal,
genteni kawiryan mami,
ingsun seleh kadrajatan,
sira gumantiya waris,
180