Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/175

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    bisa nandhing milih rabi,
    sempulur saciptanira,
    bobote kewan wanadri
    sadarpa kinaya lepa,
    paran gon sun ngirib-irib.

  1. Supaya tiru sireku,
    apa sun manjing jro senik,
    kang kungkulan watu beja,
    parenga penempil mami,
    cuwilna lelatur kadar,
    kadi kang sinihan Widi.

  2. Palguna nabda mring asu,
    mungguh prayogengsun mangkin
    ingsun ngalah tampanana,
    wanodya ro mring siranjing,
    ananging salah satunggal,
    ywa sira wayuh tan becik.

  3. Siji kewala wus untung,
    dene mungguh awak mami,
    darbe swami wong punika
    durung mathuk ing panggalih,
    kang dhihin rupane kiwa,
    pindho asor tanpa krami.

  4. Wus mangkono prawan dhusun,
    ireng meesisik aledhis,
    lamun pinggiring samodra,
    rambute abang njuwiwig,
    cayane lutih yen prawan,
    pinggiring bengawan pasthi.

  5. Belang krowak tilasipun,
    gudhigen pating benyinyih,
    rembes rahine amangkak,
    belaken sikile kalih,
    utawa bubulen padha,
    arnbune amis asangit,

179