Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/174

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    raja kaputran sarwendah,
    wah insun an eng jro senik
    watu cantheng kang tumumpang,
    pusaka Jeng Senapati.

  1. Suna duk prastaweng wuwus,
    palguna dahat memengin,
    kanikmataning kamulyan,
    srenggala dahat kapengin,
    wit keneng sih pamiluta,
    wusana pasrangkara ris.

  2. Bagyanta angumbuk-umbuk,
    seje kaya awak mami,
    ngenger kirik kongsi sona
    nora dan trimani siwi,
    luput sethithik kewala,
    pinenthungan den pisuhi.

  3. Pirabara pinet mantu,
    mung trima ywa den kerengi,
    sayuta suka wiryengwang,
    aja kang lir sira kancil,
    teka wingi kinasihan,
    mandhak tinariman siwi.

  4. Apa ta kancil dongamu,
    saha sarate punapi,
    supaya sihing bendara
    mbok ingsun njaluk sathithik,
    tutulunga wong cilaka,
    pasthi yen sun wales benjing.

  5. Lan malih manawa sarju,
    ciptanta kang rila suci,
    pacanganmu kang satunggal,
    sing endi kang sira tampik,
    prayoga paringna mring wang,
    sun tampani tangan kalih.

  6. Telungane sira baut,

178