Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/173

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    balung kang nom tan sun klethak,
    sun uncalaken sireki,
    sega wuduk golong punar,
    tuwin walimah sun wehi.

  1. Apa maneh roti gandum,
    muster keju myang sardencis,
    ywa sumelang yen sun gemi,
    nora ana trah satriya,
    ingkang kumet saha ithil.

  2. Ingsun reh wus kondhang kidung,
    ranku ing rat datan kalih,
    mardu kasebut swarjana,
    caksana budi martani,
    widagda pangolah moda,
    dibyarja sujana murti.

  3. Iku sababe den luru,
    midering rat njajah wukir,
    sapira bae saratnya,
    masut kinarya ngupadi,
    marang sarirengsun mangkya,
    katemu jeg lagi wingi.

  4. Pangungsenge bapak iku,
    kabrangta saka pawarti,
    dhasar nyata kang pawarta,
    kang mider anyakrawati,
    Kancil trahing yogiswara,
    kenthus dhepok Ngampelgadhing.

  5. Marma yen wus dadi mantu,
    munggyeng bale jajar linggih,
    Ian bapa biyung pra kadang,
    sun kabener tuwa dhingin,
    mangan sega tuwin iwak,
    wedangan teh nuli nyukit.

  6. Heh sona tontonen sesuk,
    adining panganggo mami,

177