laju linerepken ingwang,
malebu jeroning senik,
tinumpangan watu krama,
sarat supaya yun krami.
Delengen ing dhuwur iku,
watu kang tumumpang senik,
adoh pinangkaning sela,
cantheng kutha gedhe iki,
sing sapa kang kaungkulan,
kuwat wayuh prawan kalih.Sesuk ijab banjur temu
sangat ahmat wayah enjing,
nuju wuku Mandhasiya,
Dewa Kamajaya Ratih,
suku ro kakobok toya,
mandhe umbul-umbul kalih,Menga gedhong ngarsa pungkur,
kayu wringin paksi kathik,
etung satriya wibawa,
iku dina benjing-enjing,
tumurune Sri Sadana,
panca suda tiba becik.Marmane lurahmu gusruk,
mecah klapa marut krambil,
ngolah sedhekah wiwaha,
mumuli ngatur aturi,
dhanyang kang kayangan miwah,
kang cakal bakal ing ngriki.Boja krama nanggap krumpyung,
tangga tangga den suruhi,
mangka kahurmataning wang,
jaka antuk prawan kalih,
lah mara sesuk nontona,
asu ing kapanggih mami.Saiba untungmu balung,
dhasar sira karo mami,
176