Kaca iki wis divalidasi
21. KINANTHI
Kakanthen roro garwengsun,
si bapak nyarahing karsi,
amung kinarya jimatan,
pinet turun trah sun benjing,
yen turasing wicaksana,
pasthine bangkit nuruni.Lawase wus pitung tahun,
dennya mrih saben pinanggih,
ingsun ingi.mur kinudang,
winehan sabda mamanis,
sinungan garwa perawan,
dyah Kentruk lawan ken Menik.Nguni sun sakethi lumuh,
nambut tataning akrami,
dene mangkya sun manyarah,
watara kena ing dhesthi,
semar mesem jaran guyang,
manna den pasangi kenging.Wong-wongan kang crema pulut,
sun wus weruh yen piranti,
saking welas sun mring bapak,
nrajang pulut nuli kenging,
tansah kinuswa kinudang,
pinangku den isik-isik.Sun molah sarosa getun,
yun miruda cipteng galih,
175