Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    siji loro telu-telu gawe,
    dhihin kinen dadya mester tulis,
    pindho mulang ngelmi,
    ping tri pinet mantu.

  1. Marma dahat kapungser kabudi,
    mungguh praptaning ngong
    mring si bapak Sutatruna kinen,
    nglaksanani tri prakara iki, ·
    anging sun tan abti
    tyas sun luwih kukuh.

  2. Sapiraa yen tan pinet siwi,
    sinaosan bojo,
    suta estri kang gedhe karone,
    Rara Kentruk kelawan ken Menik,
    nadyan ingsun selir,
    si bapak jumurung.

  3. Saking dahat kasengseming warti,
    bab kotamaning ngong,
    trahing daniswara ingsun kiye,
    marma nastiti sabarang bangkit,
    mutusi agami,
    gagamaning maut.

  4. Yeku wite prawan ro gung kingkin,
    bapa biyung condhong,
    uga ngrujuki si kakang Gedel,
    marma wus katekem ngasta mami.
    sirara kakalih
    arsa ingsun wayuh.

174