Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

1. Dhandhanggula

  1. Ri Rebo Pon panitreng mamanis
    tanggal kaping nem wulan Muharam
    nuju Jimawal taune
    candrasangkalanipun
    TATA SIRNA ESTHINE BUMI
    wuku kala pringkelan
    uwas mangsa pitu
    wanci enjing tabuh hastha
    panggusthine ing tyas duhkitaning tulis
    tembang tembung Macapat.

  2. Murih terang pamriksa paneling
    surasane sastra ngurugita
    sasambene para rare
    kang meksih mudha punggung
    sampurnaa dayaning pardi
    pinardi keksikara
    kararaning idhup
    wajib ngatasing ngagesang
    sastra Jawa lulurining Tanah Jawi
    kang kinuksmeng utama.

  3. Utamengtyas nirmalaning tulis
    kata punika tita tembang
    pramasastra lagehane
    tirunen manjing kalbu
    lalatihen wanduning kawi
    dasanamarju basa
    basukining ngidhup

21