Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/169

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    uwong-wongan randhu wingi kae,
    sumangkeyan temen tur gumaib,
    Kancil nabda malih,
    o budheg si asu.

  1. Nara krungu tan yun ngupawarti,
    atimu lirTogog,
    Tunggak kobong iku pardikane,
    ingsun kira leluhunnu nguni,
    kakek moyang anjing,
    manna tyasmu kuthung.

  2. Durung manjing pasamuwan lungit ,
    deles tyas segawon,
    tan wruh guna myang tata kramane,
    apa maneh sastra Arab Jawi,
    sasmitarjeng ngelmi,
    nora pinaelu.

  3. Kitab Kur'an Kadis ulah dini,
    tan pisan mangertos,
    sebab srawunganmu salawase,
    kirik kuru gudhigen agering ·
    mung ngupaya tahi,
    iku kadayanmu.

  4. Lah ajara titi surteng budi,
    budya yu kinaot,
    ingkang neka-neka pangrawuhe,
    supayane bisaa umanjing,
    mring padhanging bumi,
    kumpullan wong putus.

  5. O o asu tan ngrasa sireki,
    uripira bodho
    solah wicaranta tandha remeh,
    bobote sun iki satriya di,
    pangrasamu kenging,
    ponang sraya pulut.

  6. Tan wruh sun den ulati wus lami,
    wit keh berkahing ngong,

173