Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/168

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    ywa neng kene weh kuwuring ati,
    kang lagya mangeksi,
    ing dat kang linuhung.

  1. Sun mulya di susila reh niti,
    kusuma kinaot,
    putus guna dibya sasamine,
    sicing-sicing sumingkira anjing,
    ingsun lagi sedhih,
    mambu sira langu.

  2. Gawe kuwur nyipta nranging Widi,
    najis marek kelon,
    ing pamawas tan awis ciptane,
    lamun sira celaki puniki,
    jejombaa maring,
    kali adus slulup.

  3. Ambunira bacin prengus ledhis,
    bab panganmu crobo,
    patut temen kirik sipat kere
    kuru keri karo sameng kumlip,
    tanpa guna niti,
    cubluk dadi batur.

  4. Karam mutlak cemer tanpa budi,
    cegahanireng wong,
    dahat nistha dama sirik gedhe,
    kitab Kadis Kur'an wus njarwani,
    sor asoring bumi,
    tan ana lir asu.

  5. Sona kaget krungu sabda wengis,
    nginjen kang an eng jro,
    atetanya heh ta sapa kowe,
    neng jro senik akemering-kering,
    banget ngesi-esi,
    mring padhane makluk.

  6. Apa sira kang keneng piranti,
    pulut kang estha wong,

172