e e dene sewu mokal iki,
sun tan prapteng pati,
apa marganipun.
Sigra mepet napasira kancil,
nyipta nganyut layon,
rumangsa wus tan wurung patine,
yata ing ratri wanci jam kalih,
Sutatruna nglilir,
anggugahi sunu.Kentruk Menik kinen marut krambil
sawusa mirantos,
bumbu-bumbu sapanunggalane,
aneng ngomah kewala lamun wis,
sadaya rumanti,
rehning maksih dalu.Pating klepruk mecah marut krambil,
jawah cinariyos,
Kyahi Sutatruna ngon ingone,
sona lanang abang buntal putih,
ratri rehning riris,
srenggala lumebu.Mbrobos gedheg angupaya geni,
bab adhem mring pawon,
keruk-keruk neng ngarep luwenge,
ngringkel aneng ngawu celak senik,
palguna duk uning,
asu keruk-keruk.Nulya darbe enget ngreka sandi,
wajib wenang goroh,
wong katempuh ing bilahi gedhe,
ngumandaka kena yen nguripi,
nulya nabda wengis,
Kancil marang asu.Sigak-sigak hus hus mambu ledhis,
heh sira sagawon,
lah lungasa kang adoh den age
171