Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/166

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    akeh tangga kiwa tengen prapti,
    pitakon ingkang wit,
    Kancil kenanipun.

  1. Sinung wikan yen keneng piranti,
    pulut keh kang jontong,
    rigen nalar mungguh kapikute,
    tan ngapaa rupane ablindhis,
    ngrusakaken pentil
    timun keh kang runtuh.

  2. Ya ta wau kancil kang neng senik,
    dhat-dhatan andhrodhog,
    getering sanubari puate,
    ciptaning tyas wus tamtu tan urip,
    tiwikrama ngungkil,
    senik nora keguh.

  3. Dahat kukuh watu kang tinindhih,
    cipteng nala ngaso,
    pasrahing tyas narima patine,
    wus rumangsa yen tan antuk margi,
    lantaraning urip,
    kang bisa tetu1ung.

  4. Nabda dhuh Sang Suci murweng bumi,
    sumangga kemawon,
    kawula mung sumarah sapangreh,
    tan rumaos adarbe jisim,
    katamaning pasthi,
    sima trahing pungkur.

  5. Kabudayan amba sirna enting,
    siniksa dening wong,
    awit saking klakuwan kang dede,
    culika gung tindak kang tan yukti,
    katempuh bilahi,
    aksamanen ulun.

  6. Dyan ngeningken panengeran pati,
    sawiji tan kalong.
    dahat ngungun pengunadikane.

170