Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

20. MIJIL

  1. Ingkang kaping kalihipun kyahi,
    kula sampun kongkon,
    ngajak-ajak tangga samya dhedhel,
    mbucali glagah gadhangan gagi,
    dinten benjing-enjing,
    Kancil kangge lawuh.

  2. Nadyan alit tinambahan krambil,
    rinempah kemawon,
    murih babar warata ing ngakeh,
    ingkang priya nabda bener yayi,
    wayah bangun enjing,
    lemu gajihipun.

  3. Sarehning wus kasulak ing wengi,
    dokokna ing pawon,
    ngarep luweng kurungana bae,
    senik gehe tindhihana nuli,
    watu kang supadi,
    kukuh nora metu.

  4. Uculana taline ing sikil,
    men bisa teturon,
    mubang-mubeng neng jro senike,
    nulyatmaja sami nyandhak kancil,
    kinurungan senik,
    tinindhihan watu.

  5. Sutatruna nutug seneng pikir,
    denyantuk beburon,
    Kancil ingkang karya guyokake,

169