Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    dadi tali jara bacik,
    iwak legi gurih kesat.

  1. Nadyan den onggo ulap-ulap uga kenging,
    lulange punika,
    rehning tipis rangkep kalih,
    Sutatruna suka ing tyas.

  2. Saha para brayat swami tuwin siwi
    angrubung palguna,
    ana kang jejer nyalenthik,
    yata surup danupraba.

  3. Kyahi Sutatruna nabda marang swami,
    embokne lir paran,
    prayogane iki kancil,
    sinambeleh sapunika.

  4. Mbokmanawa kaselak wengi tan resik
    iki sun watara,
    jam nenem luwih sathithik,
    olahen sakarepira.

  5. Biyang kentruk mangsuli dhumateng laki;
    yen panujeng karsa,
    ing mangke dalu prayogi,
    wanci bangun mijillenga.

168