Sadaya kang nonton durung ana kang wrin,
warna myang arannya
nyaleneh samining kumlip
warta kewala tan ana.Kono ana janma wreda marepeki
mring kang nem be kena,
pamuwuse kaki-kaki,
iki kancil aranira.Sasamining tataga nakal pribadi,
baut ngumandaka,
ngreka daya ngathik-ngathik,
nanging ujaring wirayat.Kang wus kocap ing kuna rontal tinulis,
iki dadi srana,
sarate wong amongtani,
bisa nyingkirake ama.Buntut iku kanggo nyebar gaga benjing,
dene patrapira,
pinendhem madyaning tegil,
winor godhong dhadhap kleyang.Mung sadina sawengi nuli den jrangking,
saben mangsa gaga,
maksih kanggo bola-bali,
dene tracak papat pisan.Bisa dadi sarat yen kinarnya jugil
nandur kacang tunggak,
kacang lanjaran andadi.
Ian nyirnakken uler wana.Cumplungira pinendhem tulakan sabin,
kang kiliran toya,
ama menthek walang kalis,
wulu dadi tam ba kandhas.Kulit tipis wulet kanggo mranggi,
gawe janget kuwat,
167