ling pethel enggon pok kuping,
pet sumaput kunang buyar.
Huh rasakna endhasmu saiki posing,
nora wurung mangkya,
prapteng wisma dadi tahi,
balunge kang enom renyah.Mung cacade cilik temen tan mratani,
tangga tangganingwang,
mung banget leganing ati,
sima werinireng tegal.Lah kepriye iki wus sore kang wand,
jam setengah lima,
punjule patbelas menit,
bocah ora ana teka.Prayogane nuli sun gawane mulih,
yen kawengen mangkya,
pangolahe kewan iki,
enggal-enggal Sutatruna.Sikil kancil taline wus den kencengi,
cinocol pikulan,
kasisihan kayu garing,
kancil gumandul ing ngarsa.Sumantara laksitanira wus prapti,
sapinggiring dhadhah,
pak Gedel nguwuh mring siwi,
heh thole kewane kena.Samya ngrungu swami suta priya estri,
methukken gancangan,
gumrubyuk sabrayat sami,
bungahe marwata suta.Suka sukur para tangga akeh prapti,
samya takon warta.
tuwa anom gedhe cilik,
lanang wadon elur prapta.
166