Kagyating tyas kang lor kulon datan keksi,
wus anyakrabawa
rinubuhken kewan drengki,
kang dahat gawe pituna.Sigra cancut trangginas anglinting klambi,
marani nggonira,
kagyat pak Gedel mangeksi,
kewan kang nakal wus kena.Nulya surak-surak amarwata siwi,
mataya tayungan,
uning ngunong jenthik manis,
tibaning gong pasrangkara.Padha maneh padhaa sira an mami,
untap-untapana,
kewala prasasat mirip
bilahi antakanira.Rasakena si dhustha kang laku juti,
maling palawija,
memangan tindak prana tis,
panasten gawe pituna.Ana timun wayehe lagi sumerit,
dene sira dustha,
bisa temen karya rugi,
luwih yen rong puluh reyal.Dyan cinandhak kancil maksih kempis-kempis
Sutatruna nabda,
e e sukur maksih urip,
cilik temen teka ngglathak.Wus srinimpung sikil papat dadi siji,
nuli tinalenan,
pulut binuwangan resik,
marang gubug ginosongan.Den brukaken kantep palguna anjerit,
dyan tinuthuk sangkal-,
165