Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19. MASKUMAMBANG

  1. Wus mangkono atining wang ngaku luwih,
    wruhing kasampurnan,
    ambeg jumbuh kwula gusti,
    prasan atine wus pana.

  2. Dupi nemu pakewuh Allah tan bangkit
    tetulung weh luwar,
    padha lan kang wus wruh ngelmi,
    den andelken nora kena.

  3. Dumeh putus ing kawruh kang dakik-dakik,
    yen katempuh lara,
    ngelmu entek sirna gusis,
    marma padha rasakena.

  4. Rikalane kancil murang sila yukti,
    tan tinimbang nalar,
    angeh-angene tan mikir,
    mung nguja wedhare durta.

  5. Apa maneh manungsa jaman saiki,
    dahat muji-muji,
    nganging yen wus aneng buwi,
    utawa yen lagi susah.

  6. Kawuwusa Kyahi Sutatruna nglilir,
    dennya leleyehan,
    gregah tangi yun mangeksi,
    wong-wongan kang mawa pitrang.

164