Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    tinarik talining urip,
    urip sawiji aming,
    yun mati kabeh ragengsun
    ngen ting panlangsanira.
    kongsi luhe dadi getih,
    tandya kancil nekung ing puji mantyarja.

  1. Jinumbuh ing puji puja,
    tyas wening paningal wening,
    meneng ngeksi tiksweng grana,
    jumbuh kawula lan gusti,
    napi isbat pinusthi,
    maksa tan wal saking pulut,
    nulya nebut istipar,
    kalimah tayibah ndrindhil,
    maksa tita dyan kancil judheg tan daya.

  2. Angapalaken kidungan,
    ayat limalas kang pamrih,
    enggala luwar sing pitrang,
    nanging pulut angranuhi,
    yeku lepiya dadi,
    tepa larasing pituduh,
    cocok daliling Kur'an,
    kang kajarwa neng ngakait,
    layukbilu lipikdi intisal lirnya.

  3. Nora tinarima sira,
    reh sepi tan ngalap warti,
    terange kang sapa manggya,
    rubeda kang nggegirisi,
    tan sirna saking puji,
    awit sadurunge nempuh,
    tan pinikir dadinya
    marma janma kang tyas murti,
    wus pinikir sadurunge mas kinambang.

163