Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    bapa kebo paran mami
    tulungana den aglis,
    dhuh Nabiku satus ewu,
    saha wali sanga,
    myang yogiswara mahmuni,
    ngulama agung musanep para pukaha.

  1. Pintanen luwar kawula,
    abot siksa nempuh jisim,
    dahat susah saya lesah,
    tan wun kulit daging gusis,
    lamun kang masang prapti,
    kawulestu winayungyung,
    saha karya mainan,
    wateke manusa jail,
    pinilara tan wande yen pinejahan.

  2. Kang mangka wong tani desa.
    yayah buta doyan daging,
    rase luwak kuwuk doyan,
    sampun ingkang daging kancil,
    reh sujanma datan wrin,
    yen kancil putus ing kawruh,
    caksana nawung kridha
    ing kasustran mumpuni
    datan wurung kinayah lir kewan rucah.

  3. Yen wruha guna dikeng wang,
    wirama ulah lelungit,
    putus munah kang tiharda,
    murtyambek susatyeng wukir,
    kadhang sun den guroni,
    wruha wicarengsun ngelmu,
    saking bodhoning ingkang,
    pasang pulut mikat kancil,
    mung miyagah ingsun kewan bodho mamak.

  4. E e dene tan ana wlas,
    wus ratuning pasthi mati,
    yen tan wis sesangat engkas,

162