Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/157

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    dene Kancil nawung krida,
    ulah dini dibyeng bumi,
    susilarja mumpuni,
    sadu parikrama ayu,
    tyas dirga samahita,
    teka katameng prana tis,
    adhuh rabil ngalamina tobat amba.

  1. Ing dinten wingking tan nendya,
    ngrusak tanduraning tani,
    kang tanpa duga watara,
    wana tan kurang rejeki,
    gumelar ing sebumi,
    ingkang seger legi kecut,
    dadya panganing kewan,
    kang mangka kulambeg srei,
    ngrusak palawija panganing sujanma.

  2. Sabab kasupen kawula,
    amila nyuwun aksami,
    heh surya candra tranggana,
    bumi geni angin warih,
    rewangana mintasih
    ring dat kang wajibul wujut,
    suwuna luwar ingwang,
    saking sangsaya puniki,
    tan wun mati tan pakantuk keneng siksa.

  3. Heh kutu wong alang taga,
    mujiya hayuning kancil,
    sokur salah siji wignya,
    aweh lantaraning ngurip,
    ngluwari kang piranti,
    rupa janma crema pulut,
    kang lumeket rageng wang,
    kang yun ngelun nyawa mami,
    lah welasa ring kusuma kawi redya.

  4. Adhuh ibu sori amba,
    lah punapa datan ngimpi,
    pun kusnun kenging rubeda

161