Pulut maksih pliket kuwat
keket lengket buntut kuping,
dadya sakepel pangrasa,
Kancil rumangsa tan bangkit,
heh para mitra sami,
kang maca saha kang krungu,
sapambeg kasusastran,
myang ngelmu kang luwih-luwih
lamun nora weweka temah sangsara.Kancil lesu-lesah ing tyas.
pulut lengket midreng jisim,
dupi wus nir dayanira,
mangkana osiking ati,
o o dene ta dadi,
rubeda sewu miliyun,
tan wurung puput jiwa,
tinjo marang jaman akir,
saking pitrang bendha ingkang istha janma.Ingsun sesuwun ing suksma,
manuswa kang masang sandi,
muga-muga ngungkulana,
satus sangsaraku iki,
tetep janma tan yukti,
mitenah sameng tumuwuh,
waleseng dat wasesa,
tan lawas pasthi nemahi,
adat kuna wong siya nemu cilaka.Dhuh Allah kang murbeng jagad,
welasa satriya tami,
kang manggih benduning suksma,
lantaran janma tyas drengki,
tan wun badhe ndhatengi,
kayat-kayun yun ginulung,
dayaning pulut gundhang,
nangka bendha paksa srehi,
wus katekem pangwasanireng sujanma.Reh sampun tita diwasa
159