Dene teka sumantana,
nganggo nggendeng-nggendeng sikil,
weruh yen warnamu papa,
amung mandhe gombal jarik,
ciptamu lir angampil,
pandel mas Nederlan umuk
jatine rontek nistha,
gombal amoh jarik lurik
jaran kepang kramaleya samarata.Ponang pulut saya gupak,
Kancil tambah sukeng ngati,
gumuyu alatah-latah,
suku kang ngering nempiling,
themel pulut nggandhuli,
sigra murdeng kancil numbuk,
ganul pitrang wus mangsah,
marang cangkem irung kuping,
suku ingkang wingking mancal wus katampan.Pulut mulet gupak wrata,
nutupi dalaning angin,
gebas-gebes sru subadya
nora daya malah mipit,
mepeti dalan angin,
kagyating tyas wruh yen pulut,
paekaning manuswa,
sakala kancil anangis,
hardaning kang sangsara nempuh sarira.Ngantep budi tiwikrama,
ngapalaken mantra sekti,
kemat Bandung Bandawasa
kemayan lan donga sepi,
giling kre giling wesi
tracah besmah bala sewu
nurbuat donga kasah
ayat-ayat sinuksmeng sir,
welut putih penglemunan donga sleman.
158