Kancil mesem sarwi nabda,
heh sira iki memedi,
adha sribu saya tidak,
takut jangan ambil pusing,
apa lu mau jadi,
kendati terbang tak takut,
lah mau main apa,
sekadru sekerem dagi,
apa suka marilah kita sagotrah.Kenapa tak cari kabar,
ini kancil memang cerdik,
antero bukit dan hutan,
tak brani lawan sedikit,
dari sayini sakti,
paling janganlah mukaklu,
randu yang purak-purak,
rupa orang saya brani,
tradhak heran kau mau kejadian,Tinabok ponang wong-wongan,
tinepang suku kang ngarsi ,
katampan pulut wus makan,
sukll kanan den gandhuli,
dinuduk nora kungkih
wali-wali pulut nggandhul
pa1guna durung wikan,
mandhak ascarya ing ati,
malih nabda heh becik memedi sira.Sembrana apari kena,
dene angganduli sikil,
ingsun dudu mitranira,
kojak tabik cara Wlandi,
salaman kaya kaji,
prasan atinira patut,
yaktinira kurang tata,
tan weruh dugi prayogi
tetep sira murang silaning ngakrama.
157