Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

18. SINOM

  1. Para mudha kang ngupaya,
    pulut marang wana sami,
    antuk wit gundhang lan bendha,
    cuwone dipun kebaki,
    tekeng ngomah tumuli,
    winuwuhan malih sampun,
    pulut nangka lor wetan,
    wus winehken kang sudarmi
    tinampanan pinasangken ing wong-wongan.

  2. Lima pisan kandel rata,
    winatara nyatengah dim,
    memedi den degken sigra,
    sadayatma kinen mulih,
    Sutatruna pribadi,
    kang tunggu ana ing gubug,
    dangu angantya-antya
    dupi wayah asar inggil,
    samana pak Gedel leyeh-leyeh nendra.

  3. Kepati wong tani yuta,
    sadina dheg ngengkat kardi,
    wuwusen kancil wus teka,
    nginte-inte pager srisik,
    weruh ponang memedi,
    wus ngadeg maneh lir ngenu,
    sigra malbeng timunan,
    njujug sandhing memedi,
    tan uninga yen tinambahan wisaya.

156