marang pojok papat nggon wong-wongan,
binijigan ambruk kabeh,
nulya mangani timun,
sarwi rengeng-rengeng menyanyi,
ngguyu alatah-latah,
ngunandikanipun
iki sewu kethi beja,
mung cacade ora ana cokak Landi,
anaa gawe acar.
Nahen kancil ucapen kiyahi,
Sutatruna kang darbe tanduran,
sabrayat mring tegal kabeh,
prapteng kono samya wruh,
memedine wus rubuh sami,
tumuli pinaranan,
Kancil alon metu,
nanging tan ana kang wikan,
dupi padha wruh wong-wongan tibeng siti,
tilase binijigan.Kanan kering roning thnun malik,
sepah mblayah banget dadi cihna,
yen lungane durung suwe,
weng-wongan lima rubuh,
tinupiksa ing kanan kiri,
trang rubuh saking kewan
kang durta silayu,
tuwuh tyase Sutatruna,
alon muwus mring sutane thole yakin,
kang rusuh iki kewan.Ingsun kira rubuhing memedi,
iya saka panggawening kewan,
katara kiwa tengene,
bosah-basihing timun,
sepah tlethong anget katawis,
heh thole prayogyanya,
ngupayaa pulut,
pulut bendha pulut gundhang,
154