sigra negor randhu,
enggaling crita wus dadya,
limang iji istha janma nyekel gitik,
ponang sikil bregagah.
Sirah ageng tangan malangkerik,
mandhe gantar sinampiran gombal,
tumuli pinasangake,
pojok papat tengah wus,
bapa lawan anake mulih,
prapteng ngomah wawarta,
bab rusaking timun,
getun ngungun wong saomah,
kawuwusa palguna kang dahat ngincih,
timun wuku ing tegil.Lampahira duk neng pager ngeksi,
pojok papat lima tengah ana,
sujanma njejer adege,
mrethentheng nyekel gebug,
kancil muwus lah apa iki,
mbregagah mandhe watang,
bandera ing pucuk,
apa ta pandhel Nederlan,
wus pramana terang manawa memedi,
oo dene wong-wongan.Nulya manjing ing pager sesirig,
mlayu-mlayu akoming gulungan,
saha mareki mameden
sru muwus tern bung mlayu
apa kao ini memedi,
penakut jarigan saya,
masuk makan timun,
tapinin kita tiadha,
ambil takut ada sribu saya brani,
kayu binijig sigra.Wusnya ngglimpang rubuh kancil nuli,
153