Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Kewan apa iki gawe rugi,
    kapitunan luwih slawe reyal,
    wasana sru wuwus thole,
    mreneya wruhanamu
    suta prapta nulya mangeksi,
    gedheg-gedheg anggresah,
    adhuh bapak kojur,
    buron punapa punika,
    kang ngresahi salami kula urip,
    teka dereng uninga.

  2. Kados kidang tapakipun alit,
    labetipun amberobos bapak
    punika bolong margine,
    wit saking alitipun,
    wonten ngriki agulung koming,
    ta bete lusah lusuh,
    kados dereng dangu,
    ee sepahe angembrah,
    kadya kalong pamangane den sesepi,
    ananging buron alas.

  3. Marma kula tan nglegewa Kyahi,
    saking alitipun tan katingal,
    tibane wus rusak kabeh,
    Ki Sutatruna muwus,
    narimaa thole wus pasthi,
    rehning manungswa wenang,
    ihtiyaring laku,
    gaweya uwong-uwongan,
    pojok papat lima tengah nyekel gitik,
    kayu randhu kewala.

  4. Nganggo sirah tangan tuwin sikil,
    yen dinulu katona lir janma,
    lah age njukuka pethel,
    nulya atmaja mantuk,
    sigra bali pethel cinangking,
    sinungken ing sudarma,

152