Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    sinesep-sesep muhung,
    oyot godhong winalik-walik
    ron timune ting slengkrah,
    kembang pentil runtuh
    pelik-pelik karusakan,
    ciptanira nutugi ciptaning ati,
    wantu kewan taruna.

  1. Watawis wus tigangjam tumuli,
    sampun surup sang Hyang Danupraba,
    Kancil barobos metune,
    pangunandikanipun,
    sesuk-esuk bae sun bali,
    nutugken sukaning tyas,
    amangani timun,
    tan dangu wus prapteng wisma,
    kancil dennya turu tansah merem melik,
    eling timun sategal.

  2. Byar rahina kancil nulya bali,
    marang tegal timunan anasak,
    keh bosok gogrog pentile
    yen wus bigarken kalbu,
    mlayu-mlayu anuli mulih,
    tan dangu aneng wisma,
    cangkelak gya wangsul,
    malbeng pager patimunan,
    esuk sore gulungan koming sisirik,
    nahen kang kawuwusa.

  3. Sutatruna angendhangi tegil,
    yun mangeksi timun nom tuwanya,
    dupi wruh tyase jengkel,
    bab rusakireng timun,
    akeh gogrog bosok kang pentil,
    godhong wit pating slengkrah,
    woh keh krowak pucuk,
    ngungun jetung jroning nala,
    elokojur dene ta sun nora ngimpi,
    harda bilahi prapta.

151