larang timun ambaning papan salupit,
rongatus seket cengkal.
Luwih dadi akeh wong kang prapti,
para bakul nganyang seket rupyah,
Ki Sutatruna tan aweh,
kudune pitugpuluh,
lunga teka bakul kang prapti,
nganyang timun punika,
Pak Gedel tyas sengkut,
timune tansah jinaga,
pinageran rapet saubenging tegil,
sato mlebu tan bisa.Kawuwusa malih wau Kancil,
miling-miling jabaning talunan,
wayahe jam papat sore,
kagyating tyas dupi wruh
pager dhendheng rapet tur inggil,
ngunandikeng wardaya,
lah apa ta iku,
atertib nganggo kajaga,
nulya nginjen palguna waskitha ngeksi,
e e dene sarapan.Ana timun sedheng renyah legi,
tuwa anom nandhing milih bisa,
saiba sumrah segere,
samana ingkang tunggu,
lagi mulih ngupaya warih,
Kancil tuwuh budinya,
barobos malebu,
neng jero sukeng wardaya,
dupi wikan timun lagya keh sumerit,
agahan ngangsa-angsa.Nandhing milih ingkang tan proyogi,
binuwangan nadyan kang prayoga,
amung cinakot pucuke,
150