Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    terusing kamuksweng tetes,
    nanging cacade amung,
    kurang yuswa wus oleh ngelmi
    sampurnaning kasidan,
    temah kurang laku,
    wateking sato taruna,
    kaduk wani ananging kurang dedugi
    dupi alama-lama.

  1. Nuju siji ari sira kancil,
    papara pribadi murang marga,
    mring wana gung jurang pereng,
    anjajah nggon kang ewuh,
    guwa-guwa kang sungil werit,
    nulya mring pategalan,
    kang cedhak lan dhukuh,
    ing janma bebara babat,
    wus raharja akeh wonge sawatawis
    samya dhedhukuh tangga.

  2. Ana tuwa tuwaning wong tani,
    dhukuh kono wasta Sutatruna,
    katelah anak pak Gedel,
    wayahe tengah tuwuh,
    keh sutanyajalu myang estri,
    ana kang wus diwasa,
    ananging ta durung,
    nambut tataning akrama,
    rehning mlarat Sutatruna mengku singgih,
    kamituwane desa.

  3. Upajiwanira amung tani,
    nandur palawija rupa-rupa,
    waktu semana pak Gedel,
    darbe tanduran timun,
    salor ngomah wayah sumerit,
    siji loro kang tuwa,
    karan timun wuku,
    kang mangka mbeneri mangsa,

149