Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    kanthi mantep ciptarasa,
    rasweng suksma manuksma ing sahir kabir
    tamat warsitaningwang.

  1. Lah ta uwis kancil sira bali,
    marang jaman rame tutugena,
    ngawula uripmu dhewe,
    mring dunya ywa kaliru ,
    ywa kasuwen sira neng ngriki,
    kejepna netranira,
    Kancil amituhu,
    kejep kang dwi aksa nulya,
    byar katingal ara-ara pinggir kali,
    kalen kalane mlajar.

  2. Pinanggih kul aneng pinggir warih,
    gegandhulan lumut kancil terang,
    dahat jentung gumun tyase,
    tapak tilase mlayu,
    maksih anyar mangka si Kancil,
    ciptaning tyas wus lama,
    pirang-pirang tahun,
    elok mokaling lampahan,
    sira Kancil gyenget pratapaning bibi
    Neng alas Ampeldenta.

  3. Nulya pamit kalilan wus mulih,
    tan antara prapteng Ngampeldenta,
    atur uninga ibune,
    purwa wusananipun,
    amaguru kang ibu amin,
    tyas suka marwatatma,
    awit ngelmunipun,
    cocok lan suwarganira,
    langkung malih mahesa suka ing ati,
    titi panjaganira.

  4. Wus tetela wau sira kancil,
    putusing kawruh sampurneng gesang,

148