Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    rata jembar tan kena kacengkal,
    kasilir samiranane,
    ganda kasturi mredu,
    Bangawan Nil nurut batrawi,
    woh anggur tinaratag,
    mas pinatik jamrut,
    paset barleyan sumebar,
    neng plataran marma datan rina wengi,
    kamulyaning suwarga.

  1. Akeh bae kang uwis nastiti,
    tandhaning wong yun murut kamukswan,
    miwah swarga kamulyane,
    sira lan sun katemu,
    garwa suta bapa myang bibi,
    sanak sadulur panggya,
    rehning jagad agung,
    jagad jilik nora beda,
    bangkit panjing-pinanjing jangjining tapsir,
    kang tan kliru paningal.

  2. Ngelmu iki yen kewan wus inggil,
    bobote sato buron wanarga,
    judheg mulya panggonane,
    seje lan janma ulung
    kang wus muksis pangulah ngelmi,
    sayekti nora arsa,
    kabeh mau palsu,
    kang sarjana musthikengrat,
    wus pramana dudu iki kang den esthi,
    maksih sasar satus grat.

  3. Ora ana janma kang linuwih,
    nganggo ngelmu lir wejanganingwang,
    kang wus kotampani kabeh,
    ananging mungguh ingsun,
    atasing kul iku wus muksis,
    cukup dunya ngakerat,
    tandhane wus weruh

147