Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    saha malih kudu,
    plenggahan ragul tan krasa,
    yen wus kurang pitung dina cahya nabi,
    Nur Mukamat tan ana.

  1. Yen kurang tri dina kulit daging,
    tan kumrisik myang swareng talingan,
    gumerbeg ilang swarane,
    yen kurang sadina wus,
    Hyang Premana asrep kepati,
    lebu wetune kurang,
    mahya kantha catur,
    ireng abang kuning seta,
    anyiptaa ana rupa kang sajati,
    tan slisir Ian rupanta.

  2. Nanging nggawa tandha caplang yakin,
    sastra alip manther ing wadana,
    yeku panengeran gedhe,
    alip mutakalimun,
    sastra jendra ayuning bumi,
    tumuli sira pasrah,
    nalaring Hyang Agung,
    munpakun pecat kang uswa,
    wusing puput angen-angen gulung angin,
    nuksmeng sahiru ngalam.

  3. Iya iku sampurnaning ngurip
    manjing kanjan mahpiyan tegesnya,
    gedhong samar panggonane,
    ngahen musamanipun,
    ngalam langgeng tanpa winilis,
    jumeneng wujud tunggal,
    ngahenal yakinun,
    nugraha mupangat nikmat,
    nora nana ing dunya kang ngupamani,
    karaton ing ngakerat.

  4. Tanpa arah nglangut angresepi

146