Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

17. DHANGDHANGGULA

  1. Madukara kul pasrangkara ris,
    sira takon babing panengeran,
    yen arsa tekeng jangjine,
    lamun kurang satahun,
    kudu mulat ing wayah enjing,
    soroting bunumahya
    cahyaning umancur,
    rupa pitu monca warna,
    endi ingkang kaya kaca angebati,
    sajroning kono ana.

  2. Jala nidhi nglangut tanpa tepi,
    thole nulya netramu kejepna,
    tamtu gya pareg enggone,
    kasat mata satuhu,
    kongsi kanggo ing telung sasi,
    nuli salin kang tandha,
    dulunen wujudmu,
    wayangan kang warna rekta
    pasthi katon lir sira rupane putih,
    solah tingkah tan siwah.

  3. Dene lamun mung kurang nem sasi,
    wujud seta mau tan kapriksa,
    antuk triwulan lamine,
    bebarengan pandulu
    ana warih kumilah wening,
    keksi ing ngarsanira,

145