Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    danumayani kantha
    lungsir kuning lungsir biru,
    wungu wamane jabar jad,

  1. Yeku sasana kang suci,
    aran jaman uluiyah,
    sireku jumeneng dhewe,
    sima gusti lah kawula,
    sira pribadi iya,
    tunggal wujut atetemu,
    papasiyan ananira.

  2. Kancil pungun-pungun tampi,
    andhadha suraseng jarwa,
    nulya matur melas asor,
    milunta lunturing jarwa,
    Kyahi amba yun wikan,
    panengeraning tumuwuh,
    lamun meh prapteng antaka.

144