Kancil matur krepana,
leres bapak kula nyuwun,
ngelmu jero kawijangna.
Mumpung wonten ngalam sahir,
tan medal yen dereng terang,
menggah ing badan lenggahe,
ingkang dados ngelmu rasa,
Keyong mesem wacana,
Kancil majuwa sun peluk,
kang dinuh ngangseg manguswa.Murdanya tansah tumiling,
pasanging kama sopana,
mangkana wijanging keyong,
angger iki tampanana,
laillah ha'illolah,
mukamaddun Rasulolah
mangkana ta jarwanira.Tanana Pangran sajati,
kang sinembah dalem dunya,
anging Allah sajatine,
Mukamaddun Rasulollah,
Kangjeng Nabi Mukamad,
utusanira Hyang Agung,
juru wartaning manungswa.De Rasul rasanireki,
Mukamudun wujudira,
min awal sirahmu dhewe,
ake dununge ing dhadha,
mim akhir puserira,
sastra dal tegese suku,
dene Allah iku napas.Nanging napas kang sayekti,
dudu sipating Pangeran,
kemladheyan nunut bae,
kayun arane kang nyata,
142