rembesing madukara,
kawruh wusananing ngidup,
amba pusthi tan kawahya.
Nanging batin kula budi,
kang tan pahingan pamawas,
kang kongsi waskitha mangke,
luluh pangudining laya,
prandene sinasaban,
ywa kongsi kawiyos wuwus,
maka ten trahing kusuma.Keyong pasrangkara aris,
ikut bener tekadira,
ingsun nayogyani angger,
nanging sasab kang utama,
saringating ambiya,
wus wrata ing jagat agung,
kuning sarak sanyata.nelar winurukken mrih,
rata tataning agama,
yogya nembah ing Hyang Manon,
dhasar laku wus byawara,
narik reh susilarja,
muksis kinarya kekudhung,
mestu para nabi kuna.Ngalimu kamil-mukamil,
pangulah laksaneng dunya,
pinusthi ngakerat kanggo,
upama sira lelungan,
ing tembe bakal pulang,
apa kinaryantuk antuk,
kang kanggo ing kene kana.Yeka sarengating bumi,
kang gumelar kasat mata,
kena kapriksa ing akeh,
mungguh srengating ambiya,
141