Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/136

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    makaten sumerep kula
    pundi ingkang lampah dudu,
    estu janma wicaksana.

  1. Keyong pasrangkara malih,
    Kancil bener wuwusira,
    marma mau sun asung sroh,
    sing sapa kang sabilolah,
    yakti kramat geng prapta,
    lirnya sabil bisa ngeluk,
    ati ingkang durtengkara.

  2. Sapa kapuleting katri,
    kuning ireng tuwin abang,
    sida ing kono wurunge,
    tan bisa wor gusti kwula,
    sasar tanpa wusana,
    ing dunya ngakir kalantur,
    sira dhewe tampa siksa.

  3. Kanut tinuntun ing juti
    kagendeng ing pancadriya,
    pantoging reh patakone,
    dunya ngakir tibeng nistha,
    remeh tan yun sujana,
    kalanggengan nora ngrembug,
    mung wedharing karsa ala.

  4. Kang mangka urip puniki,
    neng dunya upama sanja,
    umur sapira 1awase,
    tetahunan wewindunan,
    maksih nganggo petungan,
    yen ngakerat tanpa petung,
    langgeng kang tanpa wasana.

  5. Palguna umatur inggih,
    kasinggihan bab punika,
    nanging esthi kula mangke,
    reh amba trahing kusuma,

140