Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    yen pisah kanthaning wujud,
    padha rupa kaya sira.

  1. Lire wayang kewan urip,
    blenconge Hyang Danumaya,
    debog bumi upamane,
    kelire jagat puniku,
    lor kidul kulon wetan,
    temu gelang kongsi kemput,
    nurut pakone ki Dhalang.

  2. Wit ing ngurip mengku kalih,
    sira dhalange myang wayang,
    aywa nuksma ing tyas awon,
    reh badan enggal lumaksa,
    dhalange tanpa bahya,
    puniku upamanipun,
    pasthi lamun tibeng sasar.

  3. Palguna umatur inggih,
    kasinggihan panabdanta,
    nanging kula kinten dereng,
    saged rumaket susila,
    ambek santa budyarja,
    yaktine klakuwan bagus,
    angel menggah ing sarjana.

  4. Gampil ingkang tanpa budi,
    ngantep ulah agama,
    kang mangka kinten-kintene,
    awon awoning manungswa,
    boten sanes kang limpat,
    kang duraka kehing dudu,
    dununge inggih saijana.

  5. Amba yakti dereng manggih,
    undhagi kang lembah manah,
    kang susanta budi kaot,
    kang kathah durta murkarya,

139