Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

16. ASMARANDANA

  1. Branta nadyan nora kaji,
    yen patitis budi cipta,
    tan darbe polah kang awon,
    sanadyan budyambek durta,
    yen badan tan lumaksana,
    yekti nora nemu dudu,
    ing sarak yuda nagara.

  2. Marma kang bangkit prang sabil,
    suci dedalan kamukswan,
    dunya ngakir bagya gedhe,
    ambek santa budi darma,
    tamarja nyinggah durta,
    muksising ngakir kajurung,
    jinurung tutug sedyanya.

  3. Wekasingsun wanti-wanti,
    ambudi rasaning suksma,
    aywa rumangsa sirangger,
    ngaku sipating Pangeran
    mung narimaa sira,
    mobah molah mosik muwus,
    atas karsaneng dat mulya.

  4. Terang yen sireku abdi,
    pamine wayang walulang,
    mring ki Dhalang mung cumadhong,
    yeku angeh-angenira,
    kumpule tanpa arah,

138