Kaca iki wis divalidasi
Nadyan cukup bareng teka kaji jlebut,
awit arta telas,
dhasar dhuwite sathithik,
ithik-ithik neng laut kandhekan utang.lngsun weruh contone kerep kang pangguh
Yogya Surakarta,
Kedhu Begelen Kadhiri,
Ing Batawi Semarang lan Surabaya.Wruh saestu kaji kandheg luru butuh,
aneng Singapura,
mlaku pulo Penang tuwin,
Garut Ngacih kaji macul nandur kenthang.Iya iku wong Jawa kang kapiluyu
kelu ciptanira,
Mekah Madinah kaesthi,
yun sampuma den lakoni utang-utang.Ingkang putus kudu awas saha emut,
ningireng sarira,
nadyan kaji ping sekethi,
yen nora wruh wandane pribadi wuta,Kur'an sung wruh,
waman ngara panap sahu,
pakat ngarapalah,
tegese wong wruh ing jisim,
ing wandane temen-temen wruh Hyang Suksma.
137